GEGUIRITAN

CONTOH GEGURUTAN 

          Ngapuro

Nyawang clemloroting lampu seko nduwur gunung
Ngerasa awakku cilik temenan
Atiku ciut, kroso awakku digebyuri dosa
Atiku arep nangis koyo diiris-iris
Ngapuro Gusti…
Ngapuro…
Dalem namung tiyang kang lemah..
Kang boten saged mlampah piyambak..
Gusti..
Dalem namung tiyang ingkang gampil gripil..
Tansah kegoda kesenengan donya..
Gusti..
Hamung siji panyuwunku..
Tuntun dalem wonten ing margi kang padhang gusti..
Duh Gu

       NGOLAH RASA

Ening…………..
Ing antarane godhong-godhong
Kang obah katerak sumilire
Angin sing kanthi alon-alon 
Bebisik saranduning urip
Enengke cipta
Sawuse lakune raga
Ngeling-eling kanti wening
Sadawane dina sing kebacut kagawa
Kaseksen rembulan abang
Ing duwure wit klapa
Batinku miyak obahe wektu
Ngetung lakon lan panandang
Ndak rasa ing jiwa
Miyak grumbule ati
Kanggo nglari ing tembe buri
Supaya tan kena pati sejati
Tangan ngapurancang
Luh tumetes ing pipi
Nggetuni solah bawa
Kang kurang trapsila
“ Duh Gusti kang maha kuasa
Lumuntura sih pangapura
Dumateng kula menika
Engkang kebak dosa landuraka”

        SepiMu

SepiMu ing wengi iki pingin tak rebut
Muspra kangenku sakwentara kerut
Ing ilining pang-angen2 kang semrawut
Nyrimpung impenku sansaya mabrut.
SepiMu dudu sepi kang muspra
Kepara malah dadi tambane ati lara
Adyan perih ing dhadha tan kawistara
Pucuk wengi iki sepiMu dadi selarik ukara.
SepiMu dadi sansaya sepi kang wigati
Tinampa muga nuntun ing sepi sejati
Kemul ing sepiMu pasrah mring Gusti
Tak rebut nganti benjut tekan ing pati 

Contoh Geguritan Bahasa Jawa tentang Sosial





Dumadakan gelungan blangkonku tak uculi
Kerisku tak tarik ngasi aku dewe blereng ndelokne
Rasane dino kui aku pengen nesu temenan
Mripatku menthelengi siji-siji kanthi panasing ati
Ora ono sek wani mandheng aku
Rasajroning atiku mobal-mobal koyo geni kang panas bar disumet
BULL… Suarane nggebug ati
Tanganku nggegem rasa-rasa pengen ngantem tembok gedhe ngasi ambrol
Wesi-wesi tak lumat, tak bengkokke lan cagak-cagak koyo tak oncalke pating awang-awang.

Geguritan Bahasa Jawa tentang Pahlawan

Bisa

bisa ngaturke geguritan ing RRI Ngayogya
Andum rasa nganggit gurit kemul budaya
Swara prasaja ing pucuke dina Selasa
Gayeng regeng sansaya asri dimen rinasa
Nadyan sethithik guritku wis mancik
Mancar ing angkasa kanthi becik
Gawe seneng tumrape wong cilik
Lewat swara ngenglo guritku rinacik
Seneng bisa matur lewat siaran langsung
Sastra Jawi murih becik sakalangkung 
Geguritan sinartan pangolahing tembung
Tan lali ngudi budaya jembar sakdhuwuring gunung
(24.8.16)

Geguritan Bahasa Jawa tentang Persahabatan

SA UNGKURE TAUN WINGI

Urip sumende ing pangangen-angen
Ngalor ngidul kaya wong ngengleng
Ngetan ngulon amung dadi gunem
Tanpa melu catur, amung bisa mingkem
Ndak tutup laku kelakon
Sing wis ora katon
Bingung mung bisa nonton
Ngayahi dalan amewaton
Ndak urut purwaning urip
Kang tansah ngigit-igit
Nganti pungkase sasi
Rasane amung semangit
Ing undure taun
Rasa getun keduwung
Kudu bisa katutup ing suwung
Nyingkiri jiwa kang gemblung
Saungkure warsa……….
Aku musti mbabar mangsa
Anyar, kanti jiwa kang amba panampa
Godhonh-godhong kuning wus rontok
Ginanti semine pucuk 
Kang ijo royo-royo
Nggawa bun wayah esuk
Bebarengan tukule surya
Geberku wis tak wiyak
Jumangkah kanthi teteg lan waspadha
Supaya nora tumiba ing dursila lan culika

NUNGGU PENGAREP-AREP

Menawa besuk aku isih neng kene
Merga aku isih nunggu pengarep-arep
Menawa besuk tan bisa ketemu
Bakal dak tampa pepestening uripku
Dak angen-angen ing wektu mbesuk
Gandeng rerentengan bebarengan 
Napak siji mbaka siji lumaku
Ngadepi wengis obahing panguripan
Sing dadi reroncene tembang saben dina
Menawa besuk aku isih neng kene
Merga aku isih duwe pengarep-arep
Bisa nyawang pasuryanmu
Kang kebak esem nyala wadhi
Sing nuwuhke gedhe pitakonku
Apa sliramu isih nyimpen atiku kang gempil
Sak iki sliraku amung bisa ngadang wewayanganmu
Jrone panendraku kang kebak rasa kangen
Kalane kuncungku wis malih putih
Lan lumakune waktu sansaya cepet 
Gawe tangise ati kasampiran waspa
Mbok menawa wit gedhe pinggir kali tengah sawah
Isih bakoh ngancani sliraku
Lan ngayomi lakuku sing katerak rasa
Nalikane nunggu wangine kembang ati
menawa besuk aku isih neng kene
Merga aku isih duwe pengarep-arep
Ketemu lan nyawang esemu

SANGANGPULUH KURANG TELU

Yen ta pun kakang nyabrang penganggon nyingkrang cilik selegence nyongklang pernah’e benik saben pethuk Wong mithet irung karo mendelik mung jalaran nyabrang endha dalan bubrah ing kasebat kaprah
Napak pandulu ngetut laku nyampar ngebal barang kliru 
Apa si adhi uga bakal clathu aku wolupitu?
Yen si adhi ngener sipat weruh tamat pangakon wakil rakyat nginum banyu nikmat dhahar sate granat 
Yen si adhi ngener sipat weruh tamat panganggon klambi drembel pangkat pangakon pejabat pembuat Maklumat tindak nyimpang nyingkur keblat sibuk rapat soksosialisasi eska maksiyat turut hotel tumpuk pitu Bermenu ayam kampung berumur pantaran putu 
Apa si adhi uga wani cluluk sangangpuluh kurang telu
sumber:
http://www.academicindonesia.com/geguritan-bahasa-jawa/

Komentar

Postingan populer dari blog ini

materi hukum